Selasa, 02 Desember 2008

Kisah Telek di WC Mesjid

Aku lagi nang perjalanan arep ngantor bar ngeterno bojo nang Univ. Moestopo, Jumat (28/11). Mergo wis waktune Jumatan, aku mampir mesjid MPR/DPR.
Enak jumatan nang kono. Mesjid-e resik dan gede. Kipas angin-e sih gak akeh. Tapi karena gede hawane tetep sejuk karena akeh angin sing iso mlebu.
Khotbah-e juga enak dirungokno. Gak marai ngantuk soale kene ngerti opo sing diomongno khotib. Bacaan imam-e juga enak. Suarane karo cengkok-e marakno eling karo imam nang Masjidil Haram, Mekkah.
Bar sholat, kok ndilalah wetengku mules. Wah iki mesti krosing…kroso pengen ngising. Padahal isuk sakdurunge budhal aku wis nglakoni ritual ngising. Biasane sedino aku ngising pisan tok cukup. Wektune isuk tangi turu sekitar jam 9-10. Tapi mbuh pirang dino iki kok ritual ngising dadi ping loro atau telu.
Balik maneh yo nang crito mesjid. Wis diempet-empet kok rasane pancen kudu ngising. Saking kebelet-e aku wis sampek gak melu doane imam sampek bar. Sakdurunge doa bar aku wis nginclik nang mobil. Njupuk sabun cair gawe cawik.
Kamar mandi nang kono ono loro wc-ne. Siji kloset jongkok. Ruang-e sempit. Sijine maneh kloset duduk. Iki rodo lego ruange. Mbiyen aku wis pernah ngising nang wc sing ombo iki.
Mlebu kamar mandi tak delok wc loro-lorone kosong. Sing tak pilih sing kloset duduk. Mergo wis kebelet, langsung copot kathok. Posisi tutup wc-ne ketutup. Sakdurunge wc tak buka, tak grujuk nganggo flush disik.
Bar banyune nggrojok tutup wc tak buka nganggo sikil. Langsung tak buka sampek entek. Kebuka blak.
Pas tak delok…weladhalah sedherek2…isik ono telek-e 2 potong. Gede-gede rek!…Wong sing bar ngising iki mesti bar mangan sambel karena telek-e bermotif cabe…abang-abang.
Coba tak grujug maneh nganggo flush. Eh nggak mempan. Iku telek-e malah cuma kampul-kampul ngambang. Oalah iki mesti wc-ne mampet. Niat-e arep ngising malah entuk bonus telek gede trus meh muntah pisan.
Gak athik suwe tutup wc-ne tak tutup maneh nganggo sikil. Aku nganggo kathok maneh. Metu trus pindah wc. Untung wc sijine sik kosong. Bar ngising, sing gak sampek 10 menit, langsung bablas ngantor.
Inti crito iki, ati-ati lan waspodo. Ojo ketipu wc sing ketutup dan flush sing berfungsi. Sopo ngerti dibalik tutup iku isik ono telek tambeng sing gak mempan diflush.
Jare dulurku, aku arep entuk rejeki. Jareku…amin!

1 komentar:

Anonim mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.